Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 7:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. ing kono wong mau wis ora prelu nindakake apa-apa kanggo bapakne utawa biyunge.

13. Dadi pangandikaning Allah kokorakake, jalaran kowe wis netepi ila-ila. Lan isih akeh bab liyane kang kaya mangkono, kang koktindakake.”

14. Gusti Yesus banjur nimbali wong akeh maneh lan padha dipangandikani: “Kabeh padha ngrungokna lan padha pikiren sing temenan.

15. Samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manunga, iku ora njalari najis, nanging apa kang metu saka ing manungsa, iku kang marakake najis. [

16. Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”]

17. Sawise Panjenengane sumingkir saka ing wong akeh mau lan lumebet ing sawijining omah, para sakabate banjur nyuwun katrangan bab tegese pasemon mau.

18. Nuli padha dipangandikani: “Apa kowe iya ora ngreti? Apa kowe ora ngreti, yen samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manungsa iku ora bisa marakake najis,

19. amarga ora lumebu ing sajroning ati, nanging lumebu ing weteng, banjur kabuwang ing pakiwan?” Pangandika iku mratelakake, yen sakabehe pangan iku kalal.

maca bab lengkap Markus 7