Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 7:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuju ing sawijining dina ana wong Farisi sagrombolan lan ahli Toret sawatara teka saka ing Yerusalem, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus.

2. Wong-wong mau padha nyumurupi sakabate Gusti Yesus sawatara anggone mangan nganggo tangan kang najis, yaiku ora wisuh dhisik.

3. Sabab wong Farisi iku kayadene wong-wong Yahudi liyane, sadurunge mangan, wisuh tangan dhisik, amarga padha nggondheli adat tata-carane para leluhure,

4. lan manawa mulih saka pasar, sadurunge mangan iya sesuci dhisik. Akeh ila-ila liyane maneh kang ditetepi, kayata: bab ngisahi tuwung, kendhi lan piranti-piranti tembaga.

5. Mulane wong-wong Farisi lan para ahli Toret mau banjur padha matur pitakon: “Punapaa dene sakabat-sakabat Panjenengan sami boten ngenut ila-ilaning para leluhur kita, dene sami nedha mawi tangan najis?”

6. Paring wangsulane: “Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan:Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe,nanging atine ngedohi Ingsun.

maca bab lengkap Markus 7