Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 6:42-54 Kitab Sutji (JAV)

42. Wong kabeh padha mangan nganti wareg.

43. Turahan cuwil-cuwilan padha diklumpukake dadi rolas wakul kebak, mangkono uga turahane iwak.

44. Anadene kang melu mangan roti iku cacahe wong lanang limang ewu.

45. Sawise iku Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabate, supaya enggal nunggang prau ndhisiki nyabrang menyang ing Betsaida; nalika samana wong akeh padha kadhawuhan mulih.

46. Bareng wis padha lunga kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung ndedonga.

47. Bareng bengi prau mau wis tekan ing satengahing sagara, dene Gusti Yesus ana in dharatan piyambakan.

48. Bareng mirsa para sakabate rekasa banget anggone ndhayungi praune, marga katampek ing angin, kira-kira jam telu bengi Panjenengane rawuh napak ing banyu sagara, arep nglancangi wong-wong mau.

49. Nalika padha ndeleng Panjenengane tindak ing banyu, padha ngira, yen iku memedi, tumuli padha bengok-bengok,

50. sabab kabeh padha weruh, temahan padha kumelap atine. Nanging banjur enggal dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”

51. Banjur minggah ing prau manggihi para sakabate, angine tumuli mendha. Kabeh padha gumun lan bingung,

52. awit sawise lelakon bab roti, meksa durung ngreti, marga saka wangkoting atine.

53. Sawise padha nyabrang, banjur tekan ing tanah Genesaret. Tumuli labuh ana ing kono.

54. Sawise padha mentas saka ing prau, wong-wong nalika iku uga padha ora pangling marang Gusti Yesus.

maca bab lengkap Markus 6