Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 6:10-26 Kitab Sutji (JAV)

10. Sabanjure padha dipangandikani mangkene, “Yen ana ing sawijining panggonan kowe wis ditampani ana ing omah, kowe mondhoka ana ing kono nganti kowe mangkat saka ing kono.

11. Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokake kowe, metua saka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.”

12. Rasul rolas banjur mangkat lan memulang, supaya wong-wong padha mratobata

13. lan akeh setan kang padha ditundhungi lan akeh wong lara kang padha dilengani sarta diwarasake.

14. Sang Prabu Herodhes iya midhanget bab Gusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambpatis wis wungu saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten mangkono.”

15. Ana maneh kang ngucap: “Iku Nabi Elia!” Liyane maneh kandha: “Iku sawijining nabi kaya nabi-nabi sing uwis-uwis.”

16. Nalika Sang Prabu Herodhes midhanget bab iku, banjur ngandika: “Dudu, iku Yokanan, kang wis daktugel gulune, saiki tangi maneh.”

17. Amarga pancen Sang Prabu Herodhes kang dhawuh nyepeng Nabi Yokanan lan mbesta sarta banjur kalebokake ing pakunjaran, marga saka anane lelakon bab Sang Putri Herodhias, garwane Pangeran Filipus sadhereke, kang kapundhut garwa dening Sang Prabu Herodhes.

18. Sabab Nabi Yokanan banjur matur marang Sang Prabu Herodhes: “Boten kenging paduka mundhut garwa garwanipun sadherek paduka!”

19. Mulane Sang Putri Herodhias ngincim-incim marang Nabi Yokanan lan ngudi bisane nyedani panjenengane, nanging ora bisa,

20. sabab Sang Prabu Herodhes ering marang Nabi Yokanan, amarga mirsa, yen Nabi Yokanan iku mursid lan suci, mulane diayomi. Nanging manawa midhangetake pangandikane Nabi Yokanan, pangalihe banjur kaya diontang-antingake, ewadene remen miyarsakake.

21. Wasana Sang Putri Herodhias oleh wewengan yaiku nalika pinuju dina wiyosane Sang Prabu Herodhes, Sang Nata nganakake bujana kanggo para panggedhene, para opsir-opsire lan para wong kang kajen keringan ing tanah Galilea.

22. Ing nalika samana putrane putri Sang Putri Herodhias lumebu lan beksa, njalari sukaning panggalihe Sang Prabu Herodhes lan para tamu-tamune. Sang Nata banjur ngandika marang putri mau: “Kowe nyuwuna marang aku sakarepmu, mesthi bakal dakparingi!”

23. Malah banjur sumpah, pangandikane: “Apa bae kang koksuwun, bakal dakparingake, sanadyan saparoning krajanku!”

24. Putri mau banjur mundur sarta matur marang kang ibu: “Punapa ingkang kula suwun?” Wangsulane kang ibu: “Sirahe Yokanan Pambaptis.”

25. Putri mau banjur enggal-enggal bali marek ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk: “Kawula nyuwun, supados kaparingana sirahipun Yokanan Pambaptis kawadhahan ing talam!”

26. Sang Nata banget sungkawa panggalihe, nanging marga saka supaose lan anane para tamu, panjenengane ora karsa nduwa.

maca bab lengkap Markus 6