Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 6:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing kono lan tindak menyang ing kutha asale, kadherekake dening para sakabate.

2. Bareng dina Sabat Panjenengane wiwit memulang ana ing papan pangibadah, sarta akeh banget wong kang padha kumpulan, lan padha kaeraman nalika ngrungokake, banjur padha sapocapan: “Kabeh iku olehe saka ngendi? Lan kawicaksanan apa kang kaparingake marang Dheweke? Sarta mukjijat-mukjijat kang kaya mangkono Dheweke kok bisa nganakake?

3. Apa iku dudu si tukang kayu, anake Maryam, sadulure yakobus, Yoses, Yudas lan Simon? Lan apa sadulur-sadulure wadon ora padha manggon ing kene?” Banjur padha kacuwan tumrap Panjenengane.

4. Tumuli Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Nabi iku ana ing ngendi-endi diajeni, kajaba ana ing panggonan asale lan ing antarane kulawangsane sarta ana ing omahe dhewe.”

5. Mulane ana ing kono Panjenengane ora bisa nindakake pangeram-eram babar pisan, kajaba mung marasake wong lara sawatara sarana katumpangan asta.

6. Panjenengane ngungun ngraosake anggone wong-wong mau ora padha pracaya, banjur tindak njajah desa karo memulang.

7. Para sakabat rolas tumuli padha katimbalan lan padha kautus ngloro-ngloro sarta padha kaparingan panguwasa misesani para dhemit,

8. apamaneh padha kaweling, aja padha nggawa apa-apa ana ing dalan, kajaba mung teken, aja padha nggawa roti, aja ngawa tas, dhuwit ing sabuk bae iya aja,

9. kena nganggo trumpah, nanging aja nggawa klambi rangkep.

10. Sabanjure padha dipangandikani mangkene, “Yen ana ing sawijining panggonan kowe wis ditampani ana ing omah, kowe mondhoka ana ing kono nganti kowe mangkat saka ing kono.

11. Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokake kowe, metua saka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.”

maca bab lengkap Markus 6