Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 2:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging Gusti Yesus sajroning panggalih mirsa marang gagasane wong-wong mau kang mangkono iku, banjur padha dipangandikani: “Kapriye dene kowe padha duwe gagasan mangkono sajroning atimu?

9. Endi kang luwih gampang, kandha karo wong lumpuh iku: Dosamu wis diapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua.

10. Nanging supaya kowe padha mangreti, yen Putraning Manungsa ana ing donya iki duwe panguwasa ngapura dosa,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh: --

11. “Aku kandha marang kowe, tangia, paturonmu angkaten lan muliha!”

12. Padha sanalika wong mau banjur tangi, paturone diangkat nuli lunga metu saka ing ngarepane wong-wong mau, temahan wong kabeh padha kaeraman lan banjur ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Kaya mangkene iki aku durung tau tumon.”

13. Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing pinggiring sagara maneh; akeh wong kang padha sowan marang ing ngarsane, banjur padha diparingi piwulang.

14. Wasana nalika panjenengane langkung ing kono, mirsa Lewi anake Alfeus linggih ana ing pabeyan, banjur dipangandikani: “Melua Aku!” Lewi tumuli ngadeg ndherekake Panjenengane.

15. Kacarita nalika Gusti Yesus dhahar ana ing omahe wong mau, akeh juru-mupu-beya lan wong dosa kang padha ndherek dhahar Panjenengane bebarengan karo para sakabat, amarga akeh wong kang padha ndherekake tindake.

16. Nalika para ahli Toret saka golongan farisi nyumurupi anggone Gusti Yesus Dhahar bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa iku, bajur padha kandha marang para sakabat: “Yagene iku kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”

17. Gusti Yesus mireng, lan banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang butuh dhukun iku dudu wong waras, nanging wong lara. TekaKu iki ora arep ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”

18. Ing sawijining dina, nalika para sakabate Nabi Yokanan Pambaptis lan para muride wong-wong Farisi lagi padha pasa, ana wong-wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Punapa sababipun dene para sakabatipun Nabi Yokanan kaliyan murid-muridipun tiyang Farisi sami siyam, sakabat panjenengan kok boten?”

19. Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Apa bisa para mitraning panganten lanang pasa, nalika mantene isih ana ing kono? Sasuwene panganten isih ana, wong-wong ora bisa pasa.

maca bab lengkap Markus 2