Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 2:14-28 Kitab Sutji (JAV)

14. Wasana nalika panjenengane langkung ing kono, mirsa Lewi anake Alfeus linggih ana ing pabeyan, banjur dipangandikani: “Melua Aku!” Lewi tumuli ngadeg ndherekake Panjenengane.

15. Kacarita nalika Gusti Yesus dhahar ana ing omahe wong mau, akeh juru-mupu-beya lan wong dosa kang padha ndherek dhahar Panjenengane bebarengan karo para sakabat, amarga akeh wong kang padha ndherekake tindake.

16. Nalika para ahli Toret saka golongan farisi nyumurupi anggone Gusti Yesus Dhahar bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa iku, bajur padha kandha marang para sakabat: “Yagene iku kok mangan bebarengan karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”

17. Gusti Yesus mireng, lan banjur ngandika marang wong-wong mau: “Kang butuh dhukun iku dudu wong waras, nanging wong lara. TekaKu iki ora arep ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”

18. Ing sawijining dina, nalika para sakabate Nabi Yokanan Pambaptis lan para muride wong-wong Farisi lagi padha pasa, ana wong-wong kang sowan ing ngarsane Gusti Yesus sarta matur: “Punapa sababipun dene para sakabatipun Nabi Yokanan kaliyan murid-muridipun tiyang Farisi sami siyam, sakabat panjenengan kok boten?”

19. Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Apa bisa para mitraning panganten lanang pasa, nalika mantene isih ana ing kono? Sasuwene panganten isih ana, wong-wong ora bisa pasa.

20. Nanging bakal tumeka ing titi-mangsane, panganten mau bakal kapethal saka ing wong-wong mau, ing kono banjur bakal padha pasa.

21. Ora ana wong kang nambal sandhangan lawas nganggo suwekan anyar, awit manawa mangkono suwekane kang anyar mau bakal nyuwekake, kang anyar nyuwekake kang lawas, temahan saya amba suweke.

22. Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur anyar ing impes lawas, amarga yen mangkono anggure bakal ngamohake impes mau, satemah anggure lan impese loro-lorone bakal tanpa guna. Mulane anggur anyar kudune diwadhahi ing impes anyar.”

23. Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum lan sajrone mangkono iku para sakabate padha nyethuti wewulen gandum.

24. Wong-wong Farisi banjur padha matur marang Panjenengane: “Kula aturi mirsani. Punapaa tiyang-tiyang punika sami nindakaken punapa ingkang dados awisan tumrap ing dinten Sabat?”

25. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kowe durung tau maca apa kang ditindakake dening Senapati Dawud, nalika karo para pandhereke padha nandhang kakurangan lan kaluwen,

26. yaiku anggone banjur lumebu ing Padalemaning Allah, nalika Abyatar dadi Imam Agung, nuli dhahar roti cecaosan -- kang ora kena dipangan dening wong liyane kajaba dening para imam -- lan para pandhereke iya banjur padha diparingi uga?”

27. Banjur ngandika maneh: “Dina Sabat iku dianakake kanggo manungsa, ora kok manungsa kanggo dina Sabat,

28. dadi Putraning Manungsa iku uga Gustine dina Sabat.”

maca bab lengkap Markus 2