Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 2:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Let sawatara dina, bareng Gusti Yesus wis rawuh maneh ana ing Kapernaum, pawartane enggal sumebar, yen Panjenengane ana ing dalem.

2. Mulane banjur akeh wong kang padha kumrubut mrono, nganti kekurangan papan, malah ing ngarep lawang iya wis ora ana panggonan. Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong-wong mau.

3. Tumuli ana wong-wong kang nyowanake wong lumpuh, digotong wong papat.

4. Nanging ora bisa tekan ing ngarsane, marga saka akehe wong, mulane banjur mbukak payon ing sanginggile Gusti Yesus; sawuse mangkono kasur kang dituroni wong lumpuh mau nuli diudhunake.

5. Bareng Gusti Yesus nguningani pangandele wong-wong mau, banjur ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, dosanmu wis kaapura!”

6. Nanging ing kono iya ana ahli Toret sawatara, iku padha nggagas:

7. “Yagene wong iku kok muni mangkono? Iku rak nyenyamah Gusti Allah. Sapa kang wenang ngapura dosa kajaba mung Gusti Allah piyambak?”

8. Nanging Gusti Yesus sajroning panggalih mirsa marang gagasane wong-wong mau kang mangkono iku, banjur padha dipangandikani: “Kapriye dene kowe padha duwe gagasan mangkono sajroning atimu?

9. Endi kang luwih gampang, kandha karo wong lumpuh iku: Dosamu wis diapura, apa kandha: Tangia, paturonmu angkaten lan lumakua.

10. Nanging supaya kowe padha mangreti, yen Putraning Manungsa ana ing donya iki duwe panguwasa ngapura dosa,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh: --

11. “Aku kandha marang kowe, tangia, paturonmu angkaten lan muliha!”

12. Padha sanalika wong mau banjur tangi, paturone diangkat nuli lunga metu saka ing ngarepane wong-wong mau, temahan wong kabeh padha kaeraman lan banjur ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Kaya mangkene iki aku durung tau tumon.”

13. Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing pinggiring sagara maneh; akeh wong kang padha sowan marang ing ngarsane, banjur padha diparingi piwulang.

maca bab lengkap Markus 2