Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 16:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthenan pratandha mangkene: Marga saka sawabe AsmaKu baka padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar.

18. Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kang mateni, ora bakal ndadekake cilakane. Wong lara kang ditumpangi tangane bakal waras.”

19. Sawise ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yesus banjur kasengkakake menyang ing swarga lan lenggah in satengene Gusti Allah.

20. Dene para sakabat mau iya banjur padha ngabarake Injil menyang ing ngendi-endi, sarta Gusti paring pambiyantu, sumebaring pangandika kinanthenan paseksen pratandha mawarna-warna.

maca bab lengkap Markus 16