Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 16:14-18 Kitab Sutji (JAV)

14. Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.

15. Banjur ngandika marang para sakabat mau: “Padha njlajahana jagad iki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing tumitah.

16. Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal rahayu, nanging sing sapa ora pracaya, bakal kaukum.

17. Wong kang pracaya iku bakal padha kinanthenan pratandha mangkene: Marga saka sawabe AsmaKu baka padha bisa nundhungi dhemit, bakal padha calathu nganggo basa-basa anyar.

18. Bakal padha nyekel ula, lan sanadyan ngombe racun kang mateni, ora bakal ndadekake cilakane. Wong lara kang ditumpangi tangane bakal waras.”

maca bab lengkap Markus 16