Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 16:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng dina Sabat wis kliwat, Maryam Magdalena lan Maryam ibune Yakobus apadene Salome padha tuku anggi-anggi, banjur arep menyang pasarean njebadi Gusti Yesus.

2. Wayah esuk uthuk-uthuk ing dina kapisan ing minggu iku, mbarengi pletheking srengenge, wong wadon mau padha teka ing pasarean.

3. Banjur padha sapocapan mangkene: “Sapa sing bakal nulungi ngglundhungake watune saka ing lawangane pasarean?”

4. Nanging bareng padha ndeleng saka ing cedhakan, banjur katon, yen watune sing pancen gedhe temenan iku, wus gumlimpang.

5. Nuli padha lumebu in pasarean lan padha weruh priya nom-noman lenggah ing sisih tengen, ngagem jubah putih, temahan padha kaget.

6. Nanging priya nom-noman iku banjur ngandika marang para wong wadon mau: “Aja padha wedi! Kowe padha nggoleki Gusti Yesus saka ing Nasaret, kang wis kasalib, Panjenengane wis wungu. Ora ana in kene. Padha delengen! Iki panggonan kang kanggo nyarekake Panjenengane.

7. Nanging saiki padha lungaa, para sakabate lan Petrus kandhanana: Panjenengane ngrumiyini kowe kabeh menyang ing tanah Galilea. Ana ing kana kowe bakal padha ndeleng Panjenengane, kaya kang wis dipangandikakake marang kowe kabeh.”

8. Wong-wong wadon mau banjur metu padha mlayu saka ing pasarean, amarga padha kataman giris lan gumeter, dadi ora tutur apa-apa marang sapa-sapa, marga saka wedine.Kanthi ringkes kabeh piwelinge malaekat mau wis ditekakake marang Petrus lan kanca-kancane. Sawise iku Gusti Yesus piyambak lumantar para sakabate martakake kabar kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakake, yaiku bab karahayon kang langgeng iku wiwit saka ing wetan nganti tekan ing kulon.

9. Bareng Gusti Yesus wus wungu ing dina kapisan ing minggu iku, Panjenengane banjur ngatingal marang Maryam Magdalena, yaiku kang biyen kapanjingan dhemit pitu, nanging wis padha ditundhungi dening Gusti Yesus.

10. Wong wadon mau nuli lunga aweh pawarta bab iku mau marang kabeh wong, kang biyen tansah ndherek Gusti Yesus, lan kang ing wektu iku pinuju padha susah lan nangis.

maca bab lengkap Markus 16