Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 15:31-45 Kitab Sutji (JAV)

31. Mangkono uga para pangarepe imam karo para ahli Toret, iya padha moyoki lan padha sapocapan mangkene: “Wong liya padha ditulungi, nanging nulungi awake dhewe ora bisa!

32. Sang Kristus, ratune Israel iku cikben mudhun saka ing salib, supaya aku bisa ndeleng lan pracaya.” Dalasan wong loro kang kasalib bareng karo Panjenengane iku iya memada marang Panjenengane.

33. Bareng jam rolas ana pagowong kang nglimputi satanah kabeh nganti jam telu.

34. Lan ing wayah jam telu iku mau Gusti Yesus nguwuh kalawan swara sora: “Eloi, Eloi, lama sabakhtani?” Iku tegese: “Dhuh, Allah Kawula, Allah Kawula, punapaa Kawula Paduka tegakaken?”

35. Ana wong sawatara kang padha ngadeg ing kono, bareng krungu kang mangkono mau, padha ngucap: “Rungokna, Dheweke ngundang Nabi Elia.”

36. Banjur ana wong kang enggal-enggal teka nggawa jamur karang, dicelupake ing anggur kecut, dislundepake ing glagah, tumuli dicaosake marang Gusti Yesus supaya diunjuk, sarta ngucap mangkene, “Iya, coba padha dienteni lan dideleng, Nabi Elia apa rawuh ngudhunake Dheweke.”

37. Gusti Yesus banjur nyuwara sora lan masrahake nyawane.

38. Nalika iku gubahe Padaleman Suci banjur suwek dadi loro, wiwit ing dhuwur tumeka ing ngisor.

39. Panggedhene prajurit, kang ngadeg ana ing ngarsane Gusti Yesus, bareng nyumurupi anggone seda mangkono iku, banjur ngucap: “Sanyata, wong iku Putraning Allah.”

40. Uga ana wong wadon sawatara kang padha nyawang saka ing kadohan, panunggalane kayata Maryam Magdalena, Maryam ibune Yakobus Anom lan Yoses, sarta Salome.

41. Iku kabeh wis ndherekake tindake Gusti Yesus lan ngladosi ing kabetahane nalika ana ing tanah Galilea. Lan ing kono iya isih ana wong wadon liyane kang akeh cacahe, kang padha teka ing Yerusalem bebarengan karo Gusti Yesus.

42. Nalika samana wayahe wis sore, lan iku dina pacawisan, yaiku dina ngarepake Sabat.

43. Mulane Yusuf, wong Arimatea, warganing Pradata Agung kang kajen keringan, kang uga nganti-anti marang Kratoning Allah, banjur nekad sowan ngadhep marang ing ngarsane Sang Pilatus nyuwun layone Gusti Yesus.

44. Sang Pilatus eram, dene Gusti Yesus wis seda. Banjur nimbali panggedhening prajurit lan ndangu, apa Gusti Yesus wis seda.

45. Sawuse midhangetake paturane panggedhe prajurit mau,banjur maringake layone marang Yusuf.

maca bab lengkap Markus 15