Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 15:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng wayah bangun esuk para pangarepe imam, karo para pinituwa lan para ahli Toret sarta kabeh warganing Pradata Agama wis padha gilig rembuge. Gusti Yesus banjur kabesta lan didhabyang diladekake marang ngarsane Sang Pilatus.

2. Sang Pilatus nuli ndangu marang panjenengane: “Punapa Panjenengan ratunipun tiyang Yahudi?” Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Panjenengan piyambak ingkang ngandika makaten.”

3. Para pangarepe imam banjur padha ngaturake panggugat pirang-pirang prakara tumrap Gusti Yesus.

4. Sang Pilatus ndangu maneh marang Panjenengane, pangandikane: “Punapa Panjenengan boten mangsuli punapa-punapa? Mangka kathah sanget pandakwanipun tiyang-tiyang punika dhateng Panjenengan.”

5. Nanging Gusti Yesus ora mangsuli apa-apa maneh, temah Sang Pilatus eram.

6. Wis dadi adat kalumrahan saben dina gedhe Sang Pilatus ngluwari wong ukuman siji, sing dikarepake dening wong akeh.

7. Nalika samana ana wong sing jenenge Barabas, sing lagi diukum bebarengan karo pambrontak liyane sawatara, kang sajrone ngraman mau wis mateni wong.

8. Nalika samana banjur ana wong akeh kang padha teka lan nyuwun, supaya adat kalumrahan mau dilestarekake.

9. Sang Pilatus mangsuli lan ndangu: “Apa karepmu supaya aku ngluwari ratune wong Yahudi iki?”

10. Jalaran pancen mirsa, yen para pangarepe imam anggone ngulungake Gusti Yesus iku marga saka drengkine.

11. Nanging para pangarepe imam mau padha nojok-ojoki wong akeh supaya nyuwun luware Barabas.

12. Sang Pilatus banjur mangsuli maneh lan ndangu marang wong-wong mau: “Yen mangkono, wong kang kokarani ratune wong Yahudi iku dakkapakake?”

maca bab lengkap Markus 15