Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 12:32-41 Kitab Sutji (JAV)

32. Ahli Toret mau matur marang Gusti Yesus: “Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengan punika leres, bilih Gusti Allah punika namung satunggal, boten wonten sanesipun kajawi punika.

33. Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene punika dhateng badanipun piyambak, punika langkung dening utami yen katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.”

34. Gusti Yesus mirsa, yen wangsulane wong mau kanthi pambudi, mulane banjur ngandika: “Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!” Sabanjure ora ana wong kang wani matur apa-apa maneh marang Gusti Yesus.

35. Ing sawijining dina, nalika pinuju paring piwulang ana ing Padaleman Suci, Gusti Yesus ngandika: “Kapriye dene para ahli Toret bisa ngarani, yen Sang Kristus iku tedhake Sang Nata Dawud?

36. Mangka Sang Prabu Dawud piyambak marga saka katuntun dening Roh Suci ngandika mangkene:Dhawuhe Pangeran marang Gustiku:Sira lenggaha ing tengeningSun,nganti kabeh mungsuhira wus padha Sunselehake ing sangisoring tlapakanira.

37. Sang Prabu Dawud piyambak nyebat Gusti, nanging kapriye dene dadi tedhake?” Anadene akeh banget wong kang padha dhemen ngrungokake pangandikane.

38. Ing sajroning piwulange iku Gusti Yesus ngandika: “Sing padha ngati-ati marang para ahli Toret, kang padha dhemen mlaku-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng diurmati ana ing pasar-pasar,

39. kang padha dhemen linggih ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah lan ana ing pambujanan,

40. kang padha nguntal omahe para randha, lan kekedhok donga kang dawa. Wong-wong iku mesthi bakal luwih abot paukumane.”

41. Nalika Gusti Yesus lenggah ing ngarep pethi pisungsung, mirsani wong akeh anggone padha nglebokake dhuwit ing pethi mau. Wong kang sugih-sugih akeh kang padha nyemplungake pisungsung akeh.

maca bab lengkap Markus 12