Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 12:17-31 Kitab Sutji (JAV)

17. Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane.

18. Tumuli ana wong Saduki sawatara kang sowan ing ngarsane, yaiku kang duwe panemu, yen patangen saka ing antarane wong mati iku ora ana; iku padha matur pitakon:

19. “Guru, nabi Musa sampun maringi dhawuh dhateng kula sadaya: Manawi wonten tiyang ingkang gadhah sadherek jaler tilar donya, nilar semah boten tilar anak, punika sadherekipun wau kedah ningkah ingkang estri, supados saged gadhah turun kangge sadherekipun ingkang tilar wau.

20. Kalampahan wonten sadherek jaler pitu; ingkang kapisan emah-emah, nanging tilar donya boten tilar anak.

21. Ingkang estri lajeng dipun ningkah dening sadherekipun ingkang angka kalih, lan ugi tilar donya boten tilar anak. Makaten ugi ingkang angka tiga.

22. Makaten ing salajengipun, pitu-pitunipun sami boten tilar anak. Wasana sapengkeripun sadaya punika, tiyang estri wau inggih lajeng pejah.

23. Benjing dinten patangen, manawi tiyang-tiyang wau sami tangi, sinten ingkang dados semahipun tiyang estri punika? Amargi pitu-pitunipun sampun sami dados semahipun.”

24. Banjur padha diparingi wangsulan: “Kowe iku padha kesasar, iku amarga kowe ora padha ngreti marang Kitab Suci lan marang panguwasane Gusti Allah.

25. Awit manawa wong wis tangi saka ing antarane wong mati, iku ora omah-omah utawa ora diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.

26. Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub?

27. Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip. Kesasar banget kowe iku!”

28. Banjur ana sawijining ahli Toret, kang krungu anggone padha bebantahan lan ngreti, manawa paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau wis prayoga, iku nuli sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Pepaken ingkang ageng piyambak punika ingkang pundi?”

29. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Pepakon kang gedhe dhewe iku mangkene: Rungokna, heh, wong Israel, Pangeran Allah kita iku siji.

30. Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumolonging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabehing kakuwatanira.

31. Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhewe. Ora ana pepakon liyane kang ngungkuli pepakon loro iku.”

maca bab lengkap Markus 12