Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 12:11-28 Kitab Sutji (JAV)

11. Iku pakaryaning Pangeran,sawijining bab kang nggumunake ing pandeleng kita.”

12. Wong-wong mau banjur padha mbudi-daya nyekel Gusti Yesus, amarga padha ngreti, yen sing dikarepake dening pasemon mau dheweke kabeh. Nanging padha wedi marang wong akeh, mulane banjur padha mundur, Panjenengane ditogake bae.

13. Wong-wong mau banjur kongkonan wong Farisi lan wong Herodhian sawatara sowan ing ngarsane, sedyane arep nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan.

14. Kongkonan mau padha ngadhep lan matur: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur, tuwin boten ajrih dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang, nanging mulangaken bab margining Allah ing saleresipun. Caos paos dhateng Sang Nata Agung punika punapa dipun kengingaken? Kula kedah nyaosi punapa boten?”

15. Nanging Gusti Yesus mirsa marang lamise wong-wong mau, banjur ngandika: “Yagene kowe padha nyoba marang Aku? Aku jupukna dhuwit dinar siji, arep Dakdeleng!”

16. Banjur dicaosi siji. Panjenengane nuli ndangu: “Iki gambare sapa lan iki tulisane sapa?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.”

17. Pangandikane Gusti Yesus maneh: “Mulane Sang Nata Agung caosana kang dadi kagungane Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang dadi kagungane Gusti Allah.” Wong-wong mau padha kaeraman marang Panjenengane.

18. Tumuli ana wong Saduki sawatara kang sowan ing ngarsane, yaiku kang duwe panemu, yen patangen saka ing antarane wong mati iku ora ana; iku padha matur pitakon:

19. “Guru, nabi Musa sampun maringi dhawuh dhateng kula sadaya: Manawi wonten tiyang ingkang gadhah sadherek jaler tilar donya, nilar semah boten tilar anak, punika sadherekipun wau kedah ningkah ingkang estri, supados saged gadhah turun kangge sadherekipun ingkang tilar wau.

20. Kalampahan wonten sadherek jaler pitu; ingkang kapisan emah-emah, nanging tilar donya boten tilar anak.

21. Ingkang estri lajeng dipun ningkah dening sadherekipun ingkang angka kalih, lan ugi tilar donya boten tilar anak. Makaten ugi ingkang angka tiga.

22. Makaten ing salajengipun, pitu-pitunipun sami boten tilar anak. Wasana sapengkeripun sadaya punika, tiyang estri wau inggih lajeng pejah.

23. Benjing dinten patangen, manawi tiyang-tiyang wau sami tangi, sinten ingkang dados semahipun tiyang estri punika? Amargi pitu-pitunipun sampun sami dados semahipun.”

24. Banjur padha diparingi wangsulan: “Kowe iku padha kesasar, iku amarga kowe ora padha ngreti marang Kitab Suci lan marang panguwasane Gusti Allah.

25. Awit manawa wong wis tangi saka ing antarane wong mati, iku ora omah-omah utawa ora diomah-omahake, nanging uripe kaya malaekat ing swarga.

26. Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub?

27. Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip. Kesasar banget kowe iku!”

28. Banjur ana sawijining ahli Toret, kang krungu anggone padha bebantahan lan ngreti, manawa paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau wis prayoga, iku nuli sowan ing ngarsane lan matur pitakon: “Pepaken ingkang ageng piyambak punika ingkang pundi?”

maca bab lengkap Markus 12