Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 11:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Bareng wis sore Gusti Yesus jengkar saka ing kutha kadherekake para sakabat.

20. Esuk uthuk-uthuk, nalika padha liwat ing panggonane wit anjir mau, para sakabat padha weruh, yen wite wis garing dalasan oyod-oyode pisan.

21. Petrus banjur kelingan apa kang wis kelakon, nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, cobi kapirsanana, wit anjir ingkang Paduka supaosi punika sampun garing.”

22. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Padha kumandela marang Allah!

23. Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa calathu marang gunung iki: Mumbula lan nyegura ing sagara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging pracaya yen apa kang diucapake iku mesthi kalakon, mesthi iya bakal kalakon.

24. Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.

25. lan yen kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu. [

26. Balik manawa kowe padha ora ngapura, Ramamu kang ana ing swarga iya bakal ora ngapura ing kaluputanmu.”]

27. Kacarita lakune wis padha tekan ing Yerusalem. Nalika Gusti Yesus lagi lumampah ana ing plataraning Padaleman Suci, tumuli ana pangareping imam, ahli-ahli Toret lan pinituwa-pinituwa kang padha sowan ing ngarsane

28. lan matur pitakon: “Panjenengan nindakaken makaten-makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi? Tuwin sinten ingkang maringi panguwaos kangge nindakaken punika sadaya?”

29. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku Daktakon saprakara dhisik marang kowe kabeh. Iku wangsulana dhisik, mengko Aku iya bakal ngandhakake marang kowe, Aku nindakake kabeh-kabeh iku kanthi panguwasa sing endi.

30. Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa, mara wangsulana.”

maca bab lengkap Markus 11