Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 11:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Barang lakune wis cedhak Yerusalem, cedhak ing desa Betfage lan Betania, ing gunung Zaitun, Gusti Yesus tumuli ngutus sakabat loro,

2. padha kaweling mangkene: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku. Yen kowe mengko wis mlebu ing kono, kowe bakal mrangguli belo cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mrene.

3. Dene manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe: Kadospundi panjenengan kok makaten, banjur wangsulana: Punika kagem Gusti, mangke enggal badhe dipun wangsulaken malih.”

4. Kang kautus banjur mangkat, belone iya katemu dicancang ana ing jaban lawang ing pinggir dalan, nuli diuculi.

5. Wong sawatara kang ana ing kono padha takon: “Punika kadospundi, kok belonipun panjenengan uculi?”

6. Iku iya diwangsuli kaya piwelinge Gusti Yesus, temah wong-wong mau padha meneng bae.

7. Belone banjur dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, nuli dilarabi ing jubahe, Gusti Yesus banjur nitih.

8. Akeh wong kang padha njereng jubahe ana ing dalan, ana maneh kang nyebar pang-pang ijo anggone mbabadi ing pategalan.

maca bab lengkap Markus 11