Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 11:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Barang lakune wis cedhak Yerusalem, cedhak ing desa Betfage lan Betania, ing gunung Zaitun, Gusti Yesus tumuli ngutus sakabat loro,

2. padha kaweling mangkene: “Padha menyanga ing desa ngarepmu iku. Yen kowe mengko wis mlebu ing kono, kowe bakal mrangguli belo cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mrene.

3. Dene manawa ana wong kang ngaruh-aruhi kowe: Kadospundi panjenengan kok makaten, banjur wangsulana: Punika kagem Gusti, mangke enggal badhe dipun wangsulaken malih.”

4. Kang kautus banjur mangkat, belone iya katemu dicancang ana ing jaban lawang ing pinggir dalan, nuli diuculi.

5. Wong sawatara kang ana ing kono padha takon: “Punika kadospundi, kok belonipun panjenengan uculi?”

6. Iku iya diwangsuli kaya piwelinge Gusti Yesus, temah wong-wong mau padha meneng bae.

7. Belone banjur dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, nuli dilarabi ing jubahe, Gusti Yesus banjur nitih.

8. Akeh wong kang padha njereng jubahe ana ing dalan, ana maneh kang nyebar pang-pang ijo anggone mbabadi ing pategalan.

9. Wong-wong kang mlaku ana ing ngarep lan kang mlaku ana ing buri padha nguwuh-uwuh,“Hosanna!Binarkahana kang rawuh atas asmaning Pangeran.

10. Binarkahana Kraton kang rawuh,Kratone leluhur kita Sang Prabu Dawud,hosanna ing ngaluhur!”

11. Bareng wis rawuh ing Yerusalem, Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, mirsani samubarang kabeh kang ana ing kono, nanging sarehne wis sore, banjur tindak menyang Betania, kadherekake sakabate rolas.

12. Esuke nalika padha mangkat saka ing Betania, Gusti Yesus kerapan.

maca bab lengkap Markus 11