Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 10:4-18 Kitab Sutji (JAV)

4. Atur wangsulane wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.”

5. Pangandikane Gusti Yesus: “Iya marga saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak pepakon iku tumrap ing kowe.

6. Amarga wiwit dumadining jagad Allah nitahake manungsa iku arupa lanang lan wadon.

7. Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang rabine,

8. sarta loro-lorone iku banjur dadi daging siji, temah wis ora ana loro maneh, nanging mung siji.

9. Kang iku apa kang wis didadekake siji dening Allah iku, ora kena dipisah dening manungsa.”

10. Bareng wis padha ana ing omah, para sakabat padha miterang bab iku maneh marang Gusti Yesus.

11. Banjur padha dipangandikani mangkene: “Sing sapa megat bojone banjur rabi oleh wong wadon liyane, iku dadi laku jina tumrap rabine mau.

12. Lan manawa bojone mau ninggal sing lanang, banjur omah-omah oleh wong lanang sejene, iku iya laku jina.”

13. Sawise iku nuli ana wong kang padha nyowanake bocah-bocah menyang ing ngarsane Gusti Yesus, supaya padha diasta, nanging padha disrengeni dening para sakabat.

14. Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.

15. Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.”

16. Bocah-bocah mau tumuli padha dirangkuli sarta padha dibarkahi kalawan katumpangan asta.

17. Nalika Gusti Yesus arep nglajengake tindake, ana wong kang mlayu-mlayu sowan ing ngarsane, banjur sujud lan matur pitakon: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang langgeng?”

18. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana kang utama, kajaba mung siji: Gusti Allah.

maca bab lengkap Markus 10