Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 10:38-49 Kitab Sutji (JAV)

38. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Kowe padha ora ngreti apa kang padha koksuwun. Apa kowe bisa ngombe ing tuwung kang bakal Dakunjuk lan dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani?”

39. Atur wangsulane: “Inggih saged.” Pangandikane Gusti Yesus: “Pancen, kowe bakal padha ngombe ing tuwung, kang bakal Dakunjuk, lan bakal dibaptis kalawan baptis kang bakal Daktampani.

40. Nanging bab linggih ing tengenKu lan ing kiwaKu iku Aku ora wenang marengake. Iku bakal kaparingake marang wong-wong kang wis cinadhang.”

41. Bareng sakabat kang sapuluh krungu kang mangkono iku, padha nepsu marang Yakobus lan Yokanan.

42. Nanging banjur padha ditimbali Gusti Yesus sarta dipangandikani: “Kowe padha ngreti, yen kang jeneng pamarentahing bangsa-bangsa iku masesani rakyate, lan para panggedhe padha kaampilan panguwasa ngereh marang rakyat mau.

43. Nanging ana ing antaramu ora mangkono. Sing sapa kapengin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia paladenmu,

44. sarta sing sapa kapengin dadi pangarep ana ing antaramu, iku dadia bature wong akeh.

45. Amarga Putraning manungsa iku rawuhe ora supaya diladeni, nanging sumedya ngladosi lan masrahake nyawane minangka panebuse wong akeh.”

46. Banjur padha tekan ing kutha Yerikho. Nalika Gusti Yesus tindak miyos saka ing Yerikho, kadherekake dening para sakabate lan wong akeh gumrudug, ana wong ngemis wuta, jenenge Bartimeus, anake Timeus, linggih ndheprok ing pinggir dalan.

47. Bareng krungu, yen iku Gusti Yesus saka ing Nasaret, banjur wiwit nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, Gusti Yesus, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”

48. Banjur disendhu ing wong akeh, dikon meneng. Nanging malah saya seru anggone nguwuh-uwuh: “Dhuh, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi!”

49. Gusti Yesus tindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” Wong picak mau banjur diparani wong akeh lan dikandhani: “Wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.”

maca bab lengkap Markus 10