Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 10:26-36 Kitab Sutji (JAV)

26. Para sakabat saya mundhak gumune, banjur padha rerasanan: “Yen mangkono sapa ta kang bisa tampa karahayon?”

27. Gusti Yesus mirsani wong mau kabeh lan ngandika: “Tumraping manungsa iku mokal, nanging ora mangkono tumraping Allah. Amarga tumraping Allah samubarang kabeh bisa kalakon.”

28. Petrus tumuli matur marang Gusti Yesus: “Lah kawula punika sampun sami nilar samukawis sadaya lajeng sami ndherek Paduka.”

29. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe: Satemene saben wong kang marga saka Aku lan marga saka Injil ninggal omahe, sadulure lanang apa wadon, ibune apa bapakne, anak-anake utawa pategalane,

30. wong iku, saiki, ing wektu iki uga, bakal tampa sembulih tikel satus: omah, sadulur lanang, sadulur wadon, ibu, anak lan pategalan sanadyan kanthi panganiaya maneka warna, lan ing jaman besuk bakal tampa urip langgeng.

31. nanging para pangarep akeh kang bakal dadi pamburi, lan para pamburi bakal dadi pangarep.”

32. Nalika samana lagi padha bebarengan munggah menyang ing Yerusalem, Gusti Yesus tindak ana ing ngarep. Para sakabat padha ngungun, sarta wong-wong kang ndherekake padha rumangsa wedi. Sakabat rolas nuli ditimbali maneh, banjur wiwit dipangandikani bab apa kang bakal kalakon tumrap ing sarirane,

33. pangandikane: “Saiki aku kabeh menyang Yerusalem lan Putraning Manungsa bakal kaulungake marang para pangareping imam lan para ahli Toret, banjur bakal kaukum pati lan bakal kaulungake marang bangsa-bangsa kang durung wanuh marang Allah,

34. lan bakal dipoyoki, diidoni, disapu sarta dipateni lan sawise telung dina bakal tangi.”

35. Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, padha nyedhaki Gusti Yesus lan matur: “Guru, kawula sami nyuwun, mugi Paduka karsaa ngabulaken panyuwunan kawula.”

36. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Karepmu Dakkapakake?”

maca bab lengkap Markus 10