Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 10:12-25 Kitab Sutji (JAV)

12. Lan manawa bojone mau ninggal sing lanang, banjur omah-omah oleh wong lanang sejene, iku iya laku jina.”

13. Sawise iku nuli ana wong kang padha nyowanake bocah-bocah menyang ing ngarsane Gusti Yesus, supaya padha diasta, nanging padha disrengeni dening para sakabat.

14. Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.

15. Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.”

16. Bocah-bocah mau tumuli padha dirangkuli sarta padha dibarkahi kalawan katumpangan asta.

17. Nalika Gusti Yesus arep nglajengake tindake, ana wong kang mlayu-mlayu sowan ing ngarsane, banjur sujud lan matur pitakon: “Dhuh, Guru ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang langgeng?”

18. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana kang utama, kajaba mung siji: Gusti Allah.

19. Kowe mesthine wis sumurup pepakon: Sira aja memateni, aja laku jina, aja nyenyolong, aja ngucapake paseksi goroh, aja gawe pituna marang wong; sira ngajenana bapa-biyungira!”

20. Wong mau banjur matur: “Guru, sadaya punika sampun kula tetepi wiwit alit mila.”

21. Gusti Yesus nuli mirsani wong mau kanthi raos tresna, banjur ngandika: “Mung kari saprakara kakuranganmu: Mundura, barang darbekmu dolana kabeh, pepayone wenehna marang wong-wong miskin, temahan kowe bakal tampa bandha kaswargan, banjur balia mrene, melua Aku!”

22. Bareng krungu pangandika mangkono iku, wong mau gela atine, banjur mundur kalawan sedhih, amarga akeh barang darbeke.

23. Gusti Yesus banjur mirsani ngiwa nengen marang para sakabate lan ngandika, “Pancen angel banget tumraping wong sugih bisane mlebu ing Kratoning Allah.”

24. Para sakabat padha gumun ngrungokake pangandikane iku. Nanging Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “He, bocah-bocah, lumebu ing Kratoning Allah iku pancen angel banget.

25. Luwih gampang unta nalusup ing bolonganing dom katimbang karo wong sugih bisane lumebu ing Kratoning Allah.”

maca bab lengkap Markus 10