Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 10:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Gusti Yesus tumuli jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea lan tlatahe sabrange bengawan Yarden. Ana ing kono iya banjur akeh wong kan padha kumrubut sowan ing ngarsane lan kaya adate tumuli padha diparingi piwulang.

2. Banjur ana wong Farisi kang padha sowan, sedyane arep nyoba marang Gusti Yesus, unjuke: “Punapa tiyang jaler dipun kengingaken megat semahipun?”

3. nanging paring wangsulane: “Dhawuhe nabi Musa marang kowe kapriye?”

4. Atur wangsulane wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.”

5. Pangandikane Gusti Yesus: “Iya marga saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak pepakon iku tumrap ing kowe.

6. Amarga wiwit dumadining jagad Allah nitahake manungsa iku arupa lanang lan wadon.

7. Mulane wong lanang iku kudu ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang rabine,

8. sarta loro-lorone iku banjur dadi daging siji, temah wis ora ana loro maneh, nanging mung siji.

9. Kang iku apa kang wis didadekake siji dening Allah iku, ora kena dipisah dening manungsa.”

10. Bareng wis padha ana ing omah, para sakabat padha miterang bab iku maneh marang Gusti Yesus.

11. Banjur padha dipangandikani mangkene: “Sing sapa megat bojone banjur rabi oleh wong wadon liyane, iku dadi laku jina tumrap rabine mau.

12. Lan manawa bojone mau ninggal sing lanang, banjur omah-omah oleh wong lanang sejene, iku iya laku jina.”

maca bab lengkap Markus 10