Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 1:30-45 Kitab Sutji (JAV)

30. Ibune maratuwa Simon ngaleleh ing paturon, jalaran lara panastis. Gusti Yesus banjur diaturi uninga bab larane iku.

31. Kang lara banjur dirawuhi, tangane diasta lan ditangekake. Padha sanalika ilang lelarane, banjur ngladeni tamu-tamune.

32. Bareng sore, sasuruping srengenge, wong-wong kang lara lan kang kasurupan dhemit, padha disowanake kabeh marang ngarsane Gusti Yesus.

33. Wong sakutha kabeh padha kumrubut ana ing ngarep lawang.

34. Gusti Yesus banjur nyarasake wong-wong kang padha nandhang lelara warna-warna lan nundhungi dhemit akeh. Dhemit-dhemit iku ora diparengake calathu, jalaran wis padha ngreti marang Panjenengane.

35. Bareng bangun esuk, nalika isih peteng, Gusti Yesus wungu lan banjur miyos, tumuli tindak menyang panggonan kang sepi lan ndedonga ana ing kono.

36. Simon lan kanca-kancane iya banjur nusul.

37. Barang wis ketemu, padha matur: “Sadaya sami madosi Paduka.”

38. Paring wangsulane, “Ayo padha menyang panggonan liyane, menyang ing kutha-kutha sing cedhak, Aku arep nggelarake Injil mrono uga, amarga iya iku prelune anggonKu teka.”

39. Panjenengane banjur ndlajahi tanah Galilea kabeh lan nggelarake Injil ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta nundhungi dhemit.

40. Tumuli ana wong lara budhugen sowan ing ngarsane Gusti Yesus, banjur jengkeng sarta nyuwun tulung marang Panjenengane, ature: “Manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”

41. Gusti Yesus trenyuh ing galih marga saka welas, banjur mulung astane, ndemek marang wong mau sarta ngandika: “Aku karsa, birata najismu!”

42. Sanalika iku uga ilang lelarane budhug temah wis birat najise.

43. Wong mau banjur enggal kadhawuhan lunga kanthi kaweling wanti-wanti:

44. “Poma, kowe aja pisan-pisan kandha-kandha bab iki marang sapa bae, nanging lungaa, awakmu tuduhna marang imam, sarta caosna pisungsung birating najismu, kaya kang wis kadhawuhake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong kabeh.”

45. Ewadene wong mau saundure banjur martak-martakake lelakon mau, disuwurake menyang ing ngendi-endi, satemah Gusti Yesus ora bisa kanthi ngedheng lumebet ing kutha. Panjenengane lereb ana ing jaba, ana ing panggonan-panggonan kang sepi, naning wong-wong saka ngendi-endi iya meksa padha sowan menyang ing ngarsane.

maca bab lengkap Markus 1