Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 1:23-29 Kitab Sutji (JAV)

23. Nalika samana ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, kang nguwuh-uwuh:

24. “Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangretos Paduka punika sinten: Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.”

25. Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane, “Meneng, metua saka wong iku!”

26. Wong kan kapanjingan banjur kececengan marga saka panggawene dhemit mau lan jerit-jerit nuli metu saka wong mau.

27. Kabeh wong padha sumlengeren, nganti padha takon-tinakon, “Apa ta iki? Piwulang anyar kagiyarake kanthi panguwasa. Dalah dhemit-dhemit diprentah iya padha nurut.”

28. Pawarta bab Panjenengane iki banjur enggal sumebar tekan ngendi-endi ana ing wewengkon Galilea.

29. Sawise saka ing papan pangibadah banjur padha menyang ing omahe Simon lan Andreas, karo Yakobus lan Yokanan.

maca bab lengkap Markus 1