Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Markus 1:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki wiwitane Injile Gusti Yesus Kristus, Putraning Allah.

2. Kaya kang wis katulisan ing kitabe Nabi Yesaya:“Lah, Ingsun dhawuh marang utusaningSun, supaya ndhisiki Sira, iku bakal nyawisake dalanira;

3. ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun:Padha nyawisna margining Pangeran,lencengna lurung-lurunge.”

4. Kaya mangkono anggone Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun lan nguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan padha kabaptisa, temah Gusti Allah bakal ngapura dosamu.”

5. Wong-wong saka ing wewengkon Yudea lan kabeh kang manggon ing kutha Yerusalem, padha mrono sarta padha dibaptisi kalawan ngakoni sakehing dosane, ana ing bengawan Yarden.

6. Nabi Yokanan ngagem jubah wulu unta lan paningset walulang, dene kang kadhahar walang karo madu alas.

7. Yaiku kang kawartakake mangkene: “Sawise aku bakal rawuh kang panguwaose ngluwihi aku. Bok tumungkul nguculi taline sepatune bae aku ora pantes.

8. Aku mbaptis kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane bakal mbaptis kowe kalawan Roh Suci.”

9. Nalika samana Gusti Yesus rawuh saka ing kutha Nasaret ing tanah Galilea, lan banjur dibaptis dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden.

10. Bareng Panjenengane mentas saka ing banyu, banjur mirsa langit piyak, sarta Roh apindha manuk dara tumedhak ing Panjenengane.

maca bab lengkap Markus 1