Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 9:32-42 Kitab Sutji (JAV)

32. Nalika samana Petrus sakancane padha keturon; bareng tangi padha ndeleng Gusti Yesus sajroning kamulyane, lan priya loro kang padha jumeneng cedhak.

33. Kocapa, bareng priya loro mau lagi padha arep mundur saka ing ngarsane, Petrus munjuk marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sadaya sami rumaos begja sanget wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kalilana sapunika damel tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun kagem Nabi Elia.” Nanging Petrus ora ngreti apa kang diaturake iku.

34. Sajrone matur mangkono iku banjur ana mega teka ngayomi. Bareng padha kalimputan ing mega mau padha wedi.

35. Ing mega kono tumuli ana swara keprungu mangkene: “Iki PutraningSun kang Sunpilih, padha estokna dhawuhe!”

36. Nalika swara iku keprungu, Gusti Yesus ketingal piyambakan. Para sakabat padha nyimpen lelakon iku lan nalika samana padha ora martakake apa kang kadeleng mau marang sapa-sapa.

37. Esuke, bareng padha mudhun saka ing gunung, ana wong akeh kang gumrudug sowan ing ngarsane Gusti Yesus.

38. Ana siji kang nguwuh, unjuke: “Gusti, kawula nyuwun, mugi Paduka karsaa mirsani anak kawula, anak kawula namung satunggal punika.

39. Saben-saben piyambakipun dipun tempuh dening dhemit, lajeng dadakan njerit, nunten dipun ontang-antingaken ngantos muruh cangkemipun. Dhemit punika tanpa kendel anggenipun nyiksa saha meh boten nate purun ngeculaken.

40. Kawula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Paduka, supados nundhung dhemit punika, nanging boten saged.”

41. Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora pracaya lan kang keblinger, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe lan nyabari kowe? Anakmu gawanen mrene!”

42. Lan nalika bocah mau nyedhaki Gusti Yesus, banjur dibanting dening dhemite lan diontang-antingake. Nanging dhemit mau nuli didukani dening Gusti Yesus lan bocahe diwarasake sarta dipasrahake marang bapakne.

maca bab lengkap Lukas 9