Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 9:3-19 Kitab Sutji (JAV)

3. sarta padha dipangandikani mangkene: “Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa sangu roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.

4. Lan manawa kowe wis ditampani ana ing sawijining omah, kowe terusa ana ing kono lan anggonmu mbacutake lakumu iya sakaa ing kono.

5. Dene manawa ana wong kang ora gelem nampani kowe, metua saka ing kutha kono lan ketabna lebu kang ana ing sikilmu, iku minangka pepenget tumrap wong mau.”

6. Para sakabat banjur padha mangkat njajah sakehing padesan, ngabarake Injil sarta marasake wong lara saenggon-enggon.

7. Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.

8. Ana maneh kang kandha, yen Nabi Elia ngatingal maneh, lan uga ana kang kandha, yen salah sawijining nabi jaman kuna wungu.

9. Nanging Sang Prabu Herodhes ngandika: “Yokanan wis daktigas gulune. Sapa ta Wong iki, kang wis kawartakake mangkono iku?” Tumuli ngudi bisane ketemu karo Gusti Yesus.

10. Bareng para rasul wis padha bali, padha matur marang Gusti Yesus bab apa kang wis padha katindakake. Banjur padha didhawuhi ndherek nyingkir menyang ing sawijining kutha kang aran Betsaida, dadi mung para sakabat karo Panjenengane bae.

11. Nanging wong akeh iya padha weruh, lan tumuli padha nututi. Kabeh padha ditampani dening Gusti Yesus lan padha dipangandikani bab Kratoning Allah. Dene kang nandhang lelara padha kawarasake.

12. Bareng wis sore para sakabat rolas padha sowan ing ngarsane sarta matur: “Tiyang kathah punika bok sami dipun dhawuhi kesah dhateng dhusun utawi kampung-kampung sakiwa tengenipun ngriki, pados pasipengan saha tedha, amargi kita wonten ing ngriki punika wonten ing panggenan ingkang sepi.”

13. Nanging banjur padha dipangandikani: “Kowe bae padha menehana mangan!” Atur wangsulane: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih, kajawi ta manawi kawula lajeng sami kesah tumbas tetedhan kangge sadaya tiyang punika.”

14. Amarga ing kono kira-kira ana wong lanang limang ewu. Gusti Yesus banjur dhawuh marang para sakabat: “Padha konen linggih panthan-panthan, kira-kira nyeket-nyeket.”

15. Para sakabat padha ngestokake dhawuh mau, kabeh wong dikon linggih.

16. Gusti Yesus nuli mundhut roti lima lan iwak loh loro mau, banjur tumenga ing langit, tumuli paring berkah lan sawise mangkono rotine banjur dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya diratakake marang wong akeh.

17. Kabeh padha mangan nganti wareg. Turahane diklumpukake dadi rolas wakul.

18. Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabate padha sowan ing ngarsane. Banjur padha didangu: “Wong akeh iku padha ngarani Aku iki sapa?”

19. Atur wangsulane: “Nabi Yokanan Pambaptis. Wonten ugi ingkang mastani Nabi Elia, wonten malih ingkang mastani salah satunggaling nabi ing jaman kina ingkang sampun wungu.”

maca bab lengkap Lukas 9