Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 9:21-34 Kitab Sutji (JAV)

21. Banjur padha diwaleri dening Gusti Yesus, ora diparengake ngandhakake bab iku marang wong.

22. Gusti Yesus ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akeh sarta katampik dening para pinituwa lan para pangareping imam apadene para ahli Toret, nuli disedani, lan ing telung dinane bakal kawungokake.”

23. Kabeh banjur padha dipangandikani: “Saben wong kang kepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku.

24. Sabab sing sapa kumudu-kudu rumeksa marang nyawane, iku bakal kelangan nyawane; nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nylametake nyawane.

25. Apa gunane wong bisa ndarbeni donya iki kabeh, yen banjur tiwas lan nandhang kapitunan awake dhewe?

26. Awit sing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, besuk manawa Panjenengane rawuh kanthi kamulyane piyambak, lan kamulyane Sang Rama sarta para malaekat suci.

27. Aku pitutur marang kowe: Satemene ing antarane wong kang ana ing kene iki, ana kang bakal padha ora ngrasakake pati, manawa durung nyumurupi Kratoning Allah.”

28. Kira-kira wolung dina sawise paring piwulang mau kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Petrus, Yokanan lan Yakobus kadhawuhan ndherek.

29. Kacarita, nalika Panjenengane ndedonga iku, pasuryane banjur santun, pangagemane dadi putih mancorong.

30. Tumuli ana priya loro padha imbal pangandika karo Panjenengane, yaiku Nabi Musa lan Nabi Elia.

31. Karone padha ngatingal ngagem kamulyan, sarta padha reraosan bab anggone Gusti Yesus bakal tindak menyang ing Yerusalem ngrampungake pakaryane.

32. Nalika samana Petrus sakancane padha keturon; bareng tangi padha ndeleng Gusti Yesus sajroning kamulyane, lan priya loro kang padha jumeneng cedhak.

33. Kocapa, bareng priya loro mau lagi padha arep mundur saka ing ngarsane, Petrus munjuk marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sadaya sami rumaos begja sanget wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kalilana sapunika damel tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun kagem Nabi Elia.” Nanging Petrus ora ngreti apa kang diaturake iku.

34. Sajrone matur mangkono iku banjur ana mega teka ngayomi. Bareng padha kalimputan ing mega mau padha wedi.

maca bab lengkap Lukas 9