Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 9:21-26 Kitab Sutji (JAV)

21. Banjur padha diwaleri dening Gusti Yesus, ora diparengake ngandhakake bab iku marang wong.

22. Gusti Yesus ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akeh sarta katampik dening para pinituwa lan para pangareping imam apadene para ahli Toret, nuli disedani, lan ing telung dinane bakal kawungokake.”

23. Kabeh banjur padha dipangandikani: “Saben wong kang kepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku.

24. Sabab sing sapa kumudu-kudu rumeksa marang nyawane, iku bakal kelangan nyawane; nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nylametake nyawane.

25. Apa gunane wong bisa ndarbeni donya iki kabeh, yen banjur tiwas lan nandhang kapitunan awake dhewe?

26. Awit sing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, besuk manawa Panjenengane rawuh kanthi kamulyane piyambak, lan kamulyane Sang Rama sarta para malaekat suci.

maca bab lengkap Lukas 9