Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 9:16-30 Kitab Sutji (JAV)

16. Gusti Yesus nuli mundhut roti lima lan iwak loh loro mau, banjur tumenga ing langit, tumuli paring berkah lan sawise mangkono rotine banjur dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat supaya diratakake marang wong akeh.

17. Kabeh padha mangan nganti wareg. Turahane diklumpukake dadi rolas wakul.

18. Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabate padha sowan ing ngarsane. Banjur padha didangu: “Wong akeh iku padha ngarani Aku iki sapa?”

19. Atur wangsulane: “Nabi Yokanan Pambaptis. Wonten ugi ingkang mastani Nabi Elia, wonten malih ingkang mastani salah satunggaling nabi ing jaman kina ingkang sampun wungu.”

20. Gusti Yesus nuli ndangu marang para sakabat: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Atur wangsulane Petrus: “Sang Kristusipun Gusti Allah.”

21. Banjur padha diwaleri dening Gusti Yesus, ora diparengake ngandhakake bab iku marang wong.

22. Gusti Yesus ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akeh sarta katampik dening para pinituwa lan para pangareping imam apadene para ahli Toret, nuli disedani, lan ing telung dinane bakal kawungokake.”

23. Kabeh banjur padha dipangandikani: “Saben wong kang kepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku.

24. Sabab sing sapa kumudu-kudu rumeksa marang nyawane, iku bakal kelangan nyawane; nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nylametake nyawane.

25. Apa gunane wong bisa ndarbeni donya iki kabeh, yen banjur tiwas lan nandhang kapitunan awake dhewe?

26. Awit sing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, besuk manawa Panjenengane rawuh kanthi kamulyane piyambak, lan kamulyane Sang Rama sarta para malaekat suci.

27. Aku pitutur marang kowe: Satemene ing antarane wong kang ana ing kene iki, ana kang bakal padha ora ngrasakake pati, manawa durung nyumurupi Kratoning Allah.”

28. Kira-kira wolung dina sawise paring piwulang mau kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Petrus, Yokanan lan Yakobus kadhawuhan ndherek.

29. Kacarita, nalika Panjenengane ndedonga iku, pasuryane banjur santun, pangagemane dadi putih mancorong.

30. Tumuli ana priya loro padha imbal pangandika karo Panjenengane, yaiku Nabi Musa lan Nabi Elia.

maca bab lengkap Lukas 9