Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 8:22-34 Kitab Sutji (JAV)

22. Ing sawijining dina Gusti Yesus nitih prau kadherekake para sakabate, tumuli padha dipangandikani mangkene: “Ayo padha menyang ing sabranging sagara.” Banjur padha mangkat.

23. Nalika lagi padha lelayaran iku, Gusti Yesus kesaren. Dumadakan ana prahara ing sagara kono, satemah praune kisenan banyu, mbebayani.

24. Para sakabat banjur sowan, ngwungu Gusti Yesus, unjuke: “Guru, Guru, kawula sami katiwasan!” Panjenengane iya tumuli wungu, angin lan banyu kang ngamuk iku padha didukani, temah lerem, kaananing sagara dadi anteng.

25. Panjenengane nuli ngandika: “Pangandelmu iku ana ing ngendi?” Kabeh padha wedi lan kaeraman, sarta padha sapocapan mangkene: “Sapa baya Panjenengane iku, dene nganti angin lan banyu padha ngestokake dhawuhe?”

26. Kacarita lakune wis tekan ing tanahe wong Gerasa, ing sabrange tanah Galilea.

27. Bareng Gusti Yesus wis minggah ing dharatan, tumuli ana wong lanang saka ing kutha kono kang sowan ing ngarsane, wong iku kepanjingan dhemit akeh, sarta wis suwe anggone ora nganggo sandhangan lan ora saba ing omah, nanging mung ana ing pakuburan bae.

28. Nalika ndeleng Gusti Yesus banjur mbengok lan sumungkem ing bumi ana ing ngarsane sarta banjur matur kalawan swara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyan kawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Paduka sampun ngantos misakit kawula.”

29. Anggone matur mangkono iku amarga Gusti Yesus wis dhawuh supaya dhemite padha metu saka wong mau. Awit wong iku wis kerep dilarak-larak ing dhemit mau, mulane minangka panjagane banjur dirante lan diblenggu, nanging tumuli dibedhat, wonge nuli digiring dening dhemite menyang ing papan-papan kang sepi.

30. Gusti Yesus banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Legion,” awit dhemit kang nyurupi iku akeh.

31. Dhemit-dhemit iku nuli nyuwun marang Gusti Yesus, aja nganti didhawuhi lumebu ing juranging pati.

32. Kacarita ing kono ana babi kang akeh banget cacahe kang lagi padha mangan ana ing ereng-erenging gunung. Dhemit-dhemit mau banjur nyuwun, supaya diparengake lumebu ing babi-babi iku. Iku diparengake.

33. Dhemit-dhemit mau banjur padha metu lan manjing ing babi. Pepanthan babi iku tumuli gumrudug mlayu ing tepining jurang lan ambyur ing sagara dadi lan patine.

34. Bareng para pangon babi padha nyumurupi lelakon mangkono iku, banjur padha mlayu lan nyritakake bab iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene.

maca bab lengkap Lukas 8