Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 8:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas,

2. lan uga dening wong wadon sawatara kang wis padha kawarasake anggone kasurupan dhemit utawa anggone nandhang lelara warna-warna, yaiku Maryam kang karan Magdalena, kang wis katundhung dhemite pitu,

3. Yohana, somahe Khuza, juru-gedhonge Sang Prabu Herodhes, Susana lan liyane maneh isih akeh. Wong-wong wadon iki padha ngladeni Gusti sapandhereke kalawan barang darbeke.

4. Nalika wong akeh padha gumrudug teka, yaiku wong-wong kang saka ing kutha ngendi-endi, Gusti Yesus banjur ngandika kanthi pasemon:

5. “Ana juru nyebar metu nyebar wijine, saperangan tumiba ing pinggir dalan, banjur kapidak-pidak ing wong lan manuk-manuk ing awang-awang padha nucuki nganti entek.

6. Ana kang tumiba ing padhasan, lan bareng wis thukul banjur garing, amarga ora oleh bnayu.

7. Ana maneh kang tumiba ing satengahe thethukulan eri, banjur thukul bebarengan, temahan wijine mati kelindhih.

8. Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohe tikel satus.” Sawise ngandika mangkono Gusti Yesus banjur nguwuh mangkene: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”

9. Para sakabate padha matur pitakon, apa tegese pasemon mau.

10. Gusti Yesus tumuli mangsuli, pangandikane: “Kowe kang padha diparengake nyumurupi kekerane Kratoning Allah, nanging wong liyane padha kaparingan kang adhapur pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora ngreti.

11. Dene pasemon mau tegese mangkene: Wiji iku pangandikaning Allah.

12. Kang tumiba ing pinggir dalan iku wong kang wis padha krungu, banjur diparani Iblis, pangandika mau tumuli diilangi saka ing sajroning atine, supaya aja padha pracaya lan kapitulungan rahayu.

13. Kang tumiba ing padhasan iku wong kang bareng krungu pangandika mau banjur ditampani kalawan bungah, nanging iku ora ana oyode, anggone pracaya mung sadhela lan bareng kena cobaning ngaurip banjur padha murtad.

maca bab lengkap Lukas 8