Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 7:40-50 Kitab Sutji (JAV)

40. Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Simon, ana prakara kang arep Dakkandhakake marang kowe.” Simon mangsuli, ature: “Sumangga, kapangandikakna, Guru.”

41. “Ana wong loro kang padha duwe utang marang wong potang, kang siji limang atus dinar, sijine seket dinar.

42. Sarehne padha ora bisa nyaur, kang potang banjur nglilakake utange wong loro mau. Wong loro iku sing endi sing luwih tresna marang dheweke?”

43. Atur wangsulane Simon: “Kula kinten inggih ingkang sambutanipun kathah, lajeng dipun lilakaken punika.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener penemumu iku.”

44. Banjur ngandika marang Simon maneh kalawan mirsani wong wadon mau: “Kowe weruh wong wadon iki? Aku mau mlebu ing omahmu, kowe ora menehi banyu kanggo wisuh sikil, nanging wong iki nelesi sikilKu nganggo luh, banjur diusapi kalawan rambute.

45. Kowe ora ngambung Aku, nanging wiwit nalika Aku lumebu, wong wadon iki tansah ngambungi sikilKu.

46. Kowe ora nglengani sirahKu, nanging wong wadon iki njebadi sikilKu nganggo lenga wangi.

47. Mulane Aku pitutur marang kowe: Dosane kang akeh iku wis kaapura, amarga wis nindakake katresnan akeh. Nanging kang kaapura sathithik, iya nindakake katresnan sathithik.”

48. Banjur ngandika marang wong wadon mau: “Dosamu wis kaapura.”

49. Wong kang padha linggih mangan bebarengan karo Panjenengane, padha mosik mangkene: “Sapa ta, Dheweke iku, dene kok nganti bisa ngapura dosa?”

50. Nanging Gusti Yesus nuli ngandika marang wong wadon mau: “Pangandelmu kang mitulungi kowe, mundura kalawan tentrem rahayu!”

maca bab lengkap Lukas 7