Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 7:33-42 Kitab Sutji (JAV)

33. Marga saka tekane Nabi Yokanan Pambaptis iku ora mangan roti sarta ngombe anggur, kowe banjur calathu: Iku wong kepanjingan dhemit.

34. Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa.

35. Nanging kawicaksananing Allah iku kabenerake dening sakehing wong kang padha nampani.”

36. Tumuli ana salah sawijining wong Farisi kang ngaturi dhahar Gusti Yesus ana ing omahe. Gusti Yesus iya banjur rawuh, nuli lenggah dhahar.

37. Ing kutha kono ana wong wadon kang wis kondhang anggone dadi wong dosa. Nalika krungu, yen Gusti Yesus lagi dhahar ana ing omahe wong Farisi mau, dheweke banjur mrono karo nggawa gendul marmer isi lenga wangi,

38. nuli ngadeg karo nangis ana ing sawingkinge sampeyane Gusti Yesus, nganti luhe crocosan nibani sampeyane, banjur diusapi kalawan rambute, diujungi sarta dijebadi kalawan lengane wangi mau.

39. Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”

40. Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Simon, ana prakara kang arep Dakkandhakake marang kowe.” Simon mangsuli, ature: “Sumangga, kapangandikakna, Guru.”

41. “Ana wong loro kang padha duwe utang marang wong potang, kang siji limang atus dinar, sijine seket dinar.

42. Sarehne padha ora bisa nyaur, kang potang banjur nglilakake utange wong loro mau. Wong loro iku sing endi sing luwih tresna marang dheweke?”

maca bab lengkap Lukas 7