Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 7:17-34 Kitab Sutji (JAV)

17. Pawarta bab Gusti Yesus iku banjur sumebar ing satanah Yudea lan ing tanah-tanah sakiwa tengene kabeh.

18. Nalika Nabi Yokanan mireng pawarta bab lelakon iku kabeh saka para sakabate,

19. banjur nimbali sakabate loro, kadhawuhan matur marang Gusti: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”

20. Bareng wis padha ana ing ngarsane Gusti Yesus, banjur matur: “Kawula sami kautus dening Nabi Yokanan Pambaptis, kadhawuhan matur pitaken: Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”

21. Nalika samana Gusti Yesus pinuju nyarasake wong akeh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan dhemit, apadene akeh wong picak kang padha kaparingan pandeleng.

22. Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Padha mundura, aturna marang Nabi Yokanan apa kang kok deleng lan kokrungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.

23. Lan rahayu wong kang ora kecuwan ing bab Aku.”

24. Bareng utusane Nabi Yokanan wis padha mundur, Gusti Yesus banjur wiwit medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan, mangkene: “Apa prelumu menyang ing ara-ara samun? Ndeleng glagah kang mobat-mabit marga kanginan?

25. Utawa arep apa kowe mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo endah lan kang uripe mewah iku panggonane ana ing kraton.

26. Dadi apa prelumu mrana? Apa ndeleng nabi? Iya bener, lan Aku pitutur marang kowe, malah ngungkuli nabi.

27. Awit ana pangandika bab dheweke, mangkene:Lah Ingsun dhawuh marang utusaningSun supaya ndingini Sira,lan nyawisake dalaniRa ana ing ngarepiRa.

28. Aku pitutur marang kowe: Ing antarane wong kang kalairake dening wong wadon ora ana kang ngungkuli Nabi Yokanan, nanging kang cilik dhewe ana ing Kratoning Allah iku ngungkuli dheweke.”

29. Wong akeh kang padha ngrungokake pangandikane, kalebu uga para juru-mupu-beya, kabeh padha nganggep marang adiling Pangeran, amarga wis padha dibaptis dening Nabi Yokanan.

30. Nanging para wong Farisi lan para ahli Toret padha nampik marang karsane Gusti Allah tumrap awake dhewe, sarana anggone padha ora gelem dibaptis dening Nabi Yokanan.

31. Gusti Yesus banjur ngandika: “Wong jinis iki bakal Dakupamakake apa lan apa padhane?

32. Wong-wong iku upamane kaya bocah-bocah kang linggih ana ing pasar lan kang padha ngucap saur-sauran:Kowe wis padha daksulingi, kok ora njoged.Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, kowe kok ora nangis.

33. Marga saka tekane Nabi Yokanan Pambaptis iku ora mangan roti sarta ngombe anggur, kowe banjur calathu: Iku wong kepanjingan dhemit.

34. Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa.

maca bab lengkap Lukas 7