Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 7:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau: “Aja nangis!”

14. Gusti Yesus banjur nyelaki bandhosa, lan didemek. Kang padha mikul mandheg. Gusti ngandika: “He, bocah anom, Aku dhawuh marang kowe: Tangia!”

15. Kang mati tumuli njenggelek, linggih lan wiwit guneman, banjur dipasrahake marang embokne.

16. Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”

17. Pawarta bab Gusti Yesus iku banjur sumebar ing satanah Yudea lan ing tanah-tanah sakiwa tengene kabeh.

18. Nalika Nabi Yokanan mireng pawarta bab lelakon iku kabeh saka para sakabate,

19. banjur nimbali sakabate loro, kadhawuhan matur marang Gusti: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”

20. Bareng wis padha ana ing ngarsane Gusti Yesus, banjur matur: “Kawula sami kautus dening Nabi Yokanan Pambaptis, kadhawuhan matur pitaken: Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”

21. Nalika samana Gusti Yesus pinuju nyarasake wong akeh kang padha nandhang sawarnaning lelara lan memala sarta kang kasurupan dhemit, apadene akeh wong picak kang padha kaparingan pandeleng.

22. Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Padha mundura, aturna marang Nabi Yokanan apa kang kok deleng lan kokrungu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake, lan wong mlarat padha kawartanan Injil.

23. Lan rahayu wong kang ora kecuwan ing bab Aku.”

24. Bareng utusane Nabi Yokanan wis padha mundur, Gusti Yesus banjur wiwit medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan, mangkene: “Apa prelumu menyang ing ara-ara samun? Ndeleng glagah kang mobat-mabit marga kanginan?

maca bab lengkap Lukas 7