Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 7:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng wis rampung anggone ngandika marang wong akeh, Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Kapernaum.

2. Ing kono ana sawijining opsir penatus kang duwe batur, kang banget kanggepe, iku lara banget lan wis meh mati.

3. Bareng opsir mau krungu bab Gusti Yesus, tumuli kongkonan pinituwane wong Yahudi sawatara, sowan ing ngarsane, nyuwun supaya Panjenengane karsa rawuh nyarasake batur mau.

4. Wong-wong mau iya banjur sowan sarta nyuwun tulung kanthi adreng, ature: “Tiyang punika pantes kapitulungan,

5. amargi tresna dhateng bangsa kita, saha inggih tiyang punika ingkang ngyasakaken kita papan pangibadah.”

6. Gusti Yesus banjur tindak bebarengan karo wong-wong mau. Bareng wis cedhak karo omahe opsir iku, opsir iku kongkonan mitrane matur marang Panjenengane: “Dhuh, Gusti, mugi sampun dados damel Paduka, amargi kawula boten pantes Paduka rawuhi;

7. awit saking punika kawula inggih sampun rumaos boten pantes sowan ing ngarsa Paduka. Nanging Paduka mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu badhe saras.

8. Amargi kawula piyambak inggih tiyang ingkang kaprentah, sarta inggih mbawahaken prajurit. Manawi kawula aken dhateng salah satunggaling prajurit punika: Lungaa, piyambakipun inggih lajeng kesah. Punapa dene manawi kawula aken dhateng satunggalipun: Mrenea, inggih lajeng dhateng; utawi dhateng rencang kawula: Iki tindakna, inggih lajeng dipun tindakaken.”

9. Bareng Gusti Yesus midhanget atur mangkono iku, Panjenengane eram, nuli minger mirsani wong akeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!”

10. Bareng kongkonan mau wis padha bali lan wis tekan ing ngomah, bature wis ketemu waras.

11. Sawise iku Gusti Yesus tindak menyang ing sawijining kutha kang aran Nain. Para sakabate padha ndherekake, lan iya ana wong akeh kang padha gumrudug melu ndherek uga.

12. Bareng tindake wis cedhak karo sakethenging kutha, ana layon kapikul metu, iku anak ontang-anting, embokne wis randha. Akeh wong saka ing kutha kang padha ngiringake.

13. Nalika Gusti mirsa randha mau, trenyuh banget panggalihe marga saka welase, banjur ngandika marang randha mau: “Aja nangis!”

14. Gusti Yesus banjur nyelaki bandhosa, lan didemek. Kang padha mikul mandheg. Gusti ngandika: “He, bocah anom, Aku dhawuh marang kowe: Tangia!”

maca bab lengkap Lukas 7