Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 6:8-17 Kitab Sutji (JAV)

8. Nanging Panjenengane ora kekilapan marang kang dadi osiking atine wong-wong mau, tumuli ngandika marang kang ceko: “Ngadega, mapana ing tengah kene!” Wonge banjur ngadeg mapan.

9. Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aku takon marang kowe: Apa kang kepareng ditindakake ing dina Sabat, gawe becik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusak nyawa?”

10. Sawise ngandika mangkono nuli mirsani mubeng marang wong-wong mau, banjur ngandika marang kang ceko: “Tanganmu athungna!” Wong mau iya banjur nindakake mangkono, wasana tangane waras.

11. Wong akeh mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakake tumrap Gusti Yesus.

12. Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga.

13. Bareng wis raina para sakabate padha ditimbali, banjur dipilih rolas, kang padha dijenengake rasul, yaiku:

14. Simon, kang uga diparingi jeneng Petrus, lan Andreas sadulure Simon, Yakobus lan Yokanan, Filipus lan Bartolomeus,

15. Mateus lan Tomas, Yakobus anake Alfeus, lan Simon kang karan wong Zelot,

16. Yudas anake Yakobus lan Yudas Iskariot kang ing tembe laku cidra.

17. Sawise iku Gusti Yesus banjur mandhap kadherekake dening para sakabate, tumuli kendel ana ing sawijining papan kang rata, akeh banget wong kang banjur padha nglumpuk ana ing kono, para sakabat lan wong-wong liyane, kang teka saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing Yerusalem, sarta saka ing tanah pasisire Tirus lan Sidon.

maca bab lengkap Lukas 6