Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 6:23-37 Kitab Sutji (JAV)

23. Ing dina iku kowe padha bungah-bungaha lan suka-sukaa, amarga sanyata bakal gedhe ganjaranmu ana ing swarga; amarga para nabi iya digawe mangkono dening para leluhure.

24. Nanging bilai kowe, heh, para wong sugih, awit kowe wis padha tampa panglipur saka kasugihanmu.

25. Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saiki gumuyu, amarga kowe bakal nandhang susah lan nangis.

26. Bilai kowe, manawa wong kabeh padha ngalembana marang kowe, awit iya kaya mangkono iku panggawene para leluhure marang para nabi palsu.”

27. “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.

28. Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik.

29. Sing sapa nangani pipimu sasisih, sisihe pisan ulungna, lan sing sapa ngrebut jubahmu, cikben ngepek kotangmu pisan.

30. Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong.

31. Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.

32. Sarta manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku apa jasamu? Amarga wong dosa iya padha nimbangi katresnaning liyan.

33. Awit manawa kowe padha gawe becik marang kang mbeciki kowe, iku jasamu apa? Wong dosa rak iya padha tumindak mangkono.

34. Lan maneh manawa kowe ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya oleh apa-apa saka dheweke, iku apa jasamu? Wong dosa rak iya padha ngutangi marang padha wong dosa, supaya padha tampane.

35. Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.

36. Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.”

37. “Aja padha ngukumi, supaya kowe iya ora bakal padha diukumi. Lan aja padha ngadili, supaya kowe iya ora padha diadili. Padha ngapuraa, supaya kowe iya diapura.

maca bab lengkap Lukas 6