Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 6:18-31 Kitab Sutji (JAV)

18. Anggone padha mrana iku arep ngrungokake pangandikane lan supaya kawarasake lelarane, apadene wong-wong kang kasurupan ing roh reged iya padha kawarasake.

19. Lan woh akeh iku mau kabeh padha mbudidaya bisane ndemek Panjenengane, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengane, temah kabeh padha diwarasake.

20. Gusti Yesus banjur mirsani para sakabate lan ngandika:“Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.

21. Rahayu kowe kang saiki padha kaluwen, amarga kowe bakal padha kawaregan.Rahayu kowe kang saiki nangis, awit kowe bakal gumuyu.

22. Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.

23. Ing dina iku kowe padha bungah-bungaha lan suka-sukaa, amarga sanyata bakal gedhe ganjaranmu ana ing swarga; amarga para nabi iya digawe mangkono dening para leluhure.

24. Nanging bilai kowe, heh, para wong sugih, awit kowe wis padha tampa panglipur saka kasugihanmu.

25. Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saiki gumuyu, amarga kowe bakal nandhang susah lan nangis.

26. Bilai kowe, manawa wong kabeh padha ngalembana marang kowe, awit iya kaya mangkono iku panggawene para leluhure marang para nabi palsu.”

27. “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.

28. Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik.

29. Sing sapa nangani pipimu sasisih, sisihe pisan ulungna, lan sing sapa ngrebut jubahmu, cikben ngepek kotangmu pisan.

30. Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong.

31. Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.

maca bab lengkap Lukas 6