Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 5:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. Nalika Simon nyumurupi kang mangkono iku, banjur nyungkemi jengkune Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.”

9. Amarga Simon sakancane kabeh padha sumlengeren, dene samono akehe iwake sing kena.

10. Samono uga Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, kang padha dadi rewange Simon. Gusti Yesus nuli ngandika marang Simon: “Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.”

11. Sawise minggirake praune, banjur padha ninggal samubarang kabeh sarta ndherekake Gusti Yesus.

12. Kacarita nalika Gusti Yesus ana ing sawijining kutha, ana wong kang awake sakojur budhugen. Bareng ndeleng Gusti Yesus banjur sumungkem ing bumi lan matur: “Gusti, manawi Paduka karsa, tamtu saged mbirat najis kawula.”

13. Gusti nuli mulung astane, ndemek wong mau kalawan ngandika: “Aku karsa, birata najismu!” Sanalika iku uga lelarane budhug sirna.

14. Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang wong sarta dipangandikani: “Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucenmu, kaya kang wis diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang kowe.”

15. Ewasamono pawarta bab Gusti Yesus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akeh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsane arep ngrungokake pangandikane sarta supaya lelarane kawarasake.

16. Nanging Gusti Yesus banjur sumingkir menyang ing papan-papan kang sepi ndedonga.

17. Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara kang padha lungguh ngrungokake. Iku padha teka saka ing desa-desa ing tanah Galilea lan Yudea, sarta saka ing kutha Yerusalem. Kawasaning Pangeran ana ing Panjenengane, mula saged paring kawarasan marang wong lara.

18. Banjur ana wong sawatara kang teka ngusung wong lumpuh ana ing paturone; iku padha mbudidaya bisane mlebu nyowanake marang ing ngarsane Gusti Yesus.

19. Sarehne ora bisa nggawa mlebu, marga saka akehing wong kang ana ing kono, banjur padha munggah ing payon, nuli mbukak payon iku lan wong kang lara diudhunake sapaturone menyang ing satengahe wong akeh pas ana ing ngarsane Gusti Yesus.

maca bab lengkap Lukas 5