Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 5:30-38 Kitab Sutji (JAV)

30. Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”

31. Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.

32. TekaKu ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa, supaya padha mratobat.”

33. Wong-wong Farisi mau banjur matur maneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipun Yokanan asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi sakabatipun para tiyang Farisi, nanging punapaa dene para sakabat Panjenengan kok sami nedha kaliyan ngombe?”

34. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa, sajroning pangantene isih ana?

35. Nanging bakal ana wektune, pangantene kapethal saka ing antarane, ing kono banjur bakal padha pasa.”

36. Lan maneh Panjenengane iya paring pasemon marang wong-wong mau: “Ora ana wong golek tambalan kalawan nyuwek klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yen mangkono, kang anyar iku bakal suwek, tur tambalan kang anyar mau ora cocog karo kang lawas.

37. Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur kang anyar ana ing impes lawas, awit manawa mangkono, anggur anyar mau bakal mbedhahake impese, dadine anggure wutah, impese rusak.

38. Nanging anggur anyar iku kudu diwadhahi ing impes anyar uga.

maca bab lengkap Lukas 5