Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 5:26-36 Kitab Sutji (JAV)

26. Wong kabeh padha kaeraman lan padha ngluhurake Gusti Allah sarta padha wedi banget pangucape: “Dina iki aku kabeh wus padha nyumurupi barang-barang kang nggumunake banget.”

27. Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tindak. Nuli mirsa juru-mupu-beya linggih ana ing pabeyan, jenenge Lewi. Iku dipangandikane mangkene: “Melua aku!”

28. Lewi banjur ngadeg, samubarang kabeh ditinggal lan ndherek Gusti Yesus.

29. Lewi tumuli nganakake bujana gedhe kagem Panjenengane ana ing omahe lan akeh juru-mupu-beya lan wong-wong liyane kang padha melu ngepung.

30. Para wong Farisi lan ahli Toret padha grundelan karo para sakabate Gusti Yesus, tembunge: “Yagena kowe padha mangan lan ngombe awor karo juru-mupu-beya lan wong dosa?”

31. Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.

32. TekaKu ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa, supaya padha mratobat.”

33. Wong-wong Farisi mau banjur matur maneh marang Gusti Yesus: “Para sakabatipun Yokanan asring sami siyam sarta sembahyang, makaten ugi sakabatipun para tiyang Farisi, nanging punapaa dene para sakabat Panjenengan kok sami nedha kaliyan ngombe?”

34. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa, sajroning pangantene isih ana?

35. Nanging bakal ana wektune, pangantene kapethal saka ing antarane, ing kono banjur bakal padha pasa.”

36. Lan maneh Panjenengane iya paring pasemon marang wong-wong mau: “Ora ana wong golek tambalan kalawan nyuwek klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yen mangkono, kang anyar iku bakal suwek, tur tambalan kang anyar mau ora cocog karo kang lawas.

maca bab lengkap Lukas 5