Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 5:19-25 Kitab Sutji (JAV)

19. Sarehne ora bisa nggawa mlebu, marga saka akehing wong kang ana ing kono, banjur padha munggah ing payon, nuli mbukak payon iku lan wong kang lara diudhunake sapaturone menyang ing satengahe wong akeh pas ana ing ngarsane Gusti Yesus.

20. Gusti Yesus bareng mirsa pangandele wong-wong mau, tumuli ngandika: “He, sadulur, dosamu wis kaapura.”

21. Nanging para ahli Toret lan para wong Farisi padha mikir sajroning ati: “Sapa ta wong iki, dene nyenyamah marang Allah mangkono? Sapa sing bisa ngapura dosa kajaba Gusti Allah Piyambak?”

22. Nanging Gusti Yesus ngungingani pikirane wong-wong mau, mulane banjur ngandika: “Apa sing padha kokpikir ing sajroning atimu?

23. Gampang endi dhawuh: dosamu wis kaapura, karo dhawuh: Ngadega, lumakua?

24. Nanging supaya kowe padha ngreti, yen Putraning Manungsa iku kuwasa ngapura dosa ana ing bumi,” banjur ngandika marang kang lumpuh iku: “DhawuhKu marang kowe: Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”

25. Sanalika iku uga wong mau banjur ngadeg ana ing ngarepe wong akeh mau, ngangkat paturone, tumuli mulih kalawan ngluhurake Gusti Allah.

maca bab lengkap Lukas 5