Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 5:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing sawijining dina Gusti Yesus pinuju jumeneng ana ing pinggiring sagara Genesaret, wong akeh padha ngangseg arep ngrungokake pangandikane Gusti Allah.

2. Nuli mirsa prau loro ana ing pinggir sagara, juru-amek-iwak wis padha mentas lagi ngumbah jalane.

3. Panjenengane banjur minggah ing salah sijine prau iku, yaiku praune Simon, lan dhawuh, supaya praune rada didohake saka ing dharatan. Banjur lenggah lan memulang marang wong akeh mau saka ing prau.

4. Bareng wis rampung, tumuli ngandika marang Simon: “Mancala menyang ing panggonan kang jero, jalamu tibakna supaya oleh iwak.”

5. Simon mangsuli, unjuke: “Guru, sampun sadalu muput anggen kawula sami nyambutdamel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala.”

maca bab lengkap Lukas 5