Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 4:9-29 Kitab Sutji (JAV)

9. Sawise iku Iblis tumuli nambut Gusti Yesus menyang ing kutha Yerusalem lan kajumenengake ing wuwunganing Padaleman Suci, banjur matur: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki mangandhap,

10. awit wonten seratan makaten: Tumraping Sira, Panjenengane bakal dhawuh marang para malaekate supaya rumeksa marang Sira

11. lan iku bakal padha nadhahi Sira ana ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”

12. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana pangandika mangkene: Sira aja nyoba marang Pangeran Allahira!”

13. Iblis sawise rampung panggodhane banjur mundur saka ing ngarsane, sumedya angon mangsa.

14. Gusti Yesus banjur kondur menyang ing tanah Galilea kalawan ngagem panguwasaning Roh. Anadene pawarta bab Panjenengane iku tumuli sumebar ana ing jajahan kono kabeh.

15. Nalika samana Panjenengane memulang ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta wong akeh padha ngalembana.

16. Gusti Yesus nuli rawuh ing kutha Nasaret, panggonane nalika kagulawenthah, lan kaya adate bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadah sarta jumeneng arep maos Kitab Suci.

17. Nuli dicaosi kitabe Nabi Yesaya. Bareng kabukak, manggih nas kang surasane mangkene:

18. “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawahan martakake kabar becik marang wong-wong miskin;lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun

19. martakake luware para wong kang kinunjara,sarta pulihe pandelenge wong wuta,ngluwari wong-wong kang katindhes,ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.”

20. Sawise mangkono kitab banjur kagulung kaparingake maneh marang kang kawajiban, nuli lenggah. Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah padha mandeng marang Panjenengane.

21. Gusti Yesus banjur paring piwulang, pangandikane: “Ing dina iki pangandika iki wis kayektenan, sajrone kowe padha ngrungokake.”

22. Kabeh wong padha nganggep bener marang Panjenengane apadene padha kaeraman marang aruming pitembungan kang dipangandikakake, banjur padha cluluk mangkene: “Apa Iku dudu anake Yusuf?”

23. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Kowe mesthi bakal ngucapake paribasan marang Aku mangkene: Heh, dhukun, warasna awakmu dhewe. Kabeh kang padha dakrungu bab kang wis kalakon ana ing kutha Kapernaum, iku tindakna uga ana ing kene, ana ing tanah asalmu kene.”

24. Lan pangandikane maneh: “Aku pitutur marang kowe, sanyatane ora ana nabi kang kajen ana ing tanah asale.

25. Sarta Aku kandha marang kowe, lan kandhaKu iki bener: Dhek jamane Nabi Elia, nalika langit mineb lawase telung taun nem sasi, kang njalari anane pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabeh, sanadyan ing Israel akeh randhane,

26. ewasamono Nabi Elia ora diutus menyang ing salah sawijining randha-randha mau, nanging menyang ing omahe wong wadon randha ing kutha Sarfat, ing tanah Sidon.

27. Apadene nalika jamane Nabi Elisa ing tanah Israel akeh wong kang budhugen, nanging siji bae ora ana kang kabirat najise, kajaba Naaman, wong Siria.”

28. Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget, krungu kang mangkono iku.

29. Banjur padha ngadeg, Gusti Yesus dilarak menyang ing sajabaning kutha, terus didhabyang menyang ing pinggiring gunung, kang didegi kutha mau, arep dijorogake saka ing kono.

maca bab lengkap Lukas 4