Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 4:9-20 Kitab Sutji (JAV)

9. Sawise iku Iblis tumuli nambut Gusti Yesus menyang ing kutha Yerusalem lan kajumenengake ing wuwunganing Padaleman Suci, banjur matur: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki mangandhap,

10. awit wonten seratan makaten: Tumraping Sira, Panjenengane bakal dhawuh marang para malaekate supaya rumeksa marang Sira

11. lan iku bakal padha nadhahi Sira ana ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”

12. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana pangandika mangkene: Sira aja nyoba marang Pangeran Allahira!”

13. Iblis sawise rampung panggodhane banjur mundur saka ing ngarsane, sumedya angon mangsa.

14. Gusti Yesus banjur kondur menyang ing tanah Galilea kalawan ngagem panguwasaning Roh. Anadene pawarta bab Panjenengane iku tumuli sumebar ana ing jajahan kono kabeh.

15. Nalika samana Panjenengane memulang ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta wong akeh padha ngalembana.

16. Gusti Yesus nuli rawuh ing kutha Nasaret, panggonane nalika kagulawenthah, lan kaya adate bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadah sarta jumeneng arep maos Kitab Suci.

17. Nuli dicaosi kitabe Nabi Yesaya. Bareng kabukak, manggih nas kang surasane mangkene:

18. “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawahan martakake kabar becik marang wong-wong miskin;lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun

19. martakake luware para wong kang kinunjara,sarta pulihe pandelenge wong wuta,ngluwari wong-wong kang katindhes,ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.”

20. Sawise mangkono kitab banjur kagulung kaparingake maneh marang kang kawajiban, nuli lenggah. Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah padha mandeng marang Panjenengane.

maca bab lengkap Lukas 4