Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 4:32-44 Kitab Sutji (JAV)

32. Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.

33. Ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, iku nguwuh kanthi swara seru:

34. “Dhuh, Gusti Yesus saking Nasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhateng kawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak kawula? Kawula mangretos, Paduka punika sinten, inggih punika Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.”

35. Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane: “Menenga! Metua saka wong iku!” Wonge banjur kalarak dening dhemit mau, kabanting ing satengahing wong akeh; dhemite nuli metu lan babar pisan ora njalari larane wong mau.

36. Kabeh wong padha eram, banjur padha rasanan: “Tembunge kok ngedab-edabi banget! Kalawan wibawa lan panguwasa anggone ndawuhi para dhemit, temah padha metu.”

37. Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing tanah kono.

38. Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing papan pangibadah kono lan tindak menyang ing omahe Simon. Nalika iku ibune maratuwa Simon lagi lara panastis banget, banjur disuwunake pitulungan marang Panjenengane.

39. Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune.

40. Bareng wis surup, wong-wong padha nyowanake sanak sadulure kang lara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangi astane, temah padha mari.

41. Iya akeh wong kang dhemite metu kalawan nguwuh seru: “Paduka punika Putranipun Allah.” Nanging banjur didukani, ora diparengake calathu mangkono, awit padha sumurup, yen Panjenengane iku Sang Kristus.

42. Bareng wis esuk Gusti Yesus miyos lan banjur tindak menyang ing panggonan kang sepi. Nanging wong akeh padha nggoleki lan iya ketemu. Kabeh padha nggondheli Gusti Yesus, supaya aja padha ditilar.

43. Nanging padha dipangandikani: “Injile Kratoning Allah iku iya kudu Dakwartak-wartakake menyang ing kutha-kutha liyane uga, sabab iya iku prelune anggonKu kautus.”

44. Panjenengane banjur memulang ana ing papan-papan pangibadah ing tanah Yudea.

maca bab lengkap Lukas 4